Senin, 09 September 2013

cerita rakyat


MULA BUKANE ANA GRAHANA REMBULAN
Nalika semana para dewa lagi padha antri jejer-jejer arep nampa dumduman Tirta Amerta kanthi nggawa wadhah dewe-dewe.
Ing sacedhake papan pangandume Tirta Amerta mau ana raseksa kang dandan memba para dewa. Banjur melu antri nyuwun Tirta amarta kang mangkono iku kaweruhan dening Bathari Soma caos atur marang Bathara Wisnu, Buta Rahu wis kebacut entuk panduman Tirta Amarta, malah wis wiwit diombe.
            Trengginas sang Bathara Wisnu nampa ature Bathari Soma, banjur nglepasake jemparing ngenani gulune Buta Rahu. Rahayune Tirta Amarta sing diombe Buta Rahu during kolu tekan weteng isih diemut ana tutuk, mulane bareng gulu tugel, sirahe isih panggah urip ora bias mati. Jalaran wis kena dayane Tirta Amarta. Dene gembunge gumlundhung tiba ing bumi dadi lesung.
            Sirahe Buta Rahu sing luput ing pati ma uterus gumlundhung ngoyak Bathari Soma dewaning Rembulan. Saben kecandhak lan bias di until, Bathari Soma metu maneh, terus lumayu maneh. Jalaran Buta Rahu ora darbe gembung, mangkono terus oyak-oyakan ora ana mandhege. Dene wong-wong ing bumi yen lagi ana grahana rembulan, Dewi  Soma di until Buta Rahu, padha rame-rame nabuhi lesung sing mula bukane asal saka gembunge Buta Rahu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar